Minggu

Kartolo-Basman Pendekar Remek



SUGENG MIDANGETAKEN 

Basman Pendekar Remek

Critane : Basman saiki dadi pendekar silat, isok pirang2 jurus. Pas nang ndalan Basman ketemu karo Bogel karo Sapari sing pingin blajar silat, tapi dasar Basman rodo "matre", Basman gelem ngajari silat wong loro maeng tapi kudu mbayar duwik .
Kartolo ambek Sokran yo pingin blajar silat nang Basman sampek marani nang omahe ditemoni Ning Tini bojone Basman. Tapi tetep ae Kartolo ambek Sokran yo dijaluki duwik pisan 80 ewu sa'ulan, mergo gak duwe duwik Kartolo ambek Sokran gak isok blajar silat nang Basman. Mergo wong loro gak gelem, Basman metu pamit nang bojone nggolek murid. Nang tengah dalan Basman ketemu karo Kawuk sing pingin blajar silat, akhire Kawuk gelem dadi muride Basman.
Mergo mangkel karo Basman, Kartolo ambek Sokran ngakali bojone (Ning Tini) nek Basman ambek Kawuk tukaran nang Wonoayu, mergo bingunge Ning Tini marani mrono. Yok opo teruse crito, Ringekno dewe yo... (Pemain : Cak Kartolo, Cak Sapari, Cak Sokran, Cak Bogel, Cak Basman, Ning Tini, Cak Kawuk)
Link Download :
  • Basman Pendekar Remek side A : Hsa2Q
  • Basman Pendekar Remek side B : Hsa2Q

Tidak ada komentar:

Posting Komentar